MANEGES ING GUSTI
ALLAH
(Dening: Dainty Azhar Divanda)
Nalika
surya tembe teka
Sinare
esih katon maya
Jengengira
sigra tumuju pancuran
Aperlu
mbasuh badan kanthi aturan
Dhumateng Allah, panguasa alam
Sira madhep kanthi blaka wela
Memuji uga nedha, kanthi rasa suka
Amarga Allah kekasih pujaan kita
Tan
rasa sira urip ing donya
Arep
rong windhu kanggo ngapa?
Ngancik
enem welas taun sira rumangsa
Oh
gusti, punapa kula taksih patut gesang?
Oh, kanjeng ibu
Enem welas taun kepungkur
Luwih saka sangang sasi
Kang putra manjing ing guwa
garbanira
Kanthi bungah sanajan susah ibu
tetep narima
Oh,
kanjeng rama
Mboten
lan sanes kula ingkang nyuwun
Dhumateng
Gusti, supaya urip
Nanging,
amarga Allah kersa paring amanah
Supados
rama kaliyan ibu sabar, asih, ajar dhumateng putra
Ing bengi kang sepisan iki,
Qiyamul lail lan ngaji qur’an
Awakku dak rasa cilik tanpa daya
Oh, gusti Allah, namung sira kang
tansah dipuji
Mugi kula saged njunjung amanah
Urip ing bumi dados khalifah









0 komentar:
Posting Komentar